Breaking News
light_mode
Trending Tags
Beranda » Cerpen » Gerimis Malam Minggu

Gerimis Malam Minggu

  • account_circle admin
  • calendar_month Ming, 11 Feb 2024
  • visibility 582
  • comment 0 komentar

Oleh : J. Intifada

Uwes syahdu durung. Ngeyup ning ngarep alun-alun, ngombe es beng-beng mbi nyemil maklor. Ngemper ngarep ruko mbi bakul cilok, bakul pentol, bakul kopi. Nikmat tiada tara. Mbayangke janjian mbi awakmu malam mingguan. Muteri alun-alun sambil ngobrol ngalur ngidul.

Ahh yuw ora bakal. Wong kowe uwes gonne wong liyo. Opo meneh kok pengen ngrasake koyo ngunu mbi kowe. Wes gak mungkin mungkin meneh. Umur wes mulai kepala 3. Tapi rung duwe gandengan pas malam minggu rasane rodo ngenes sitik-sitik. Padahal ora tahu tak rasakno nek aku durung duwe pasangan. Semenjak kowe wes karo liyane aku wes cukup ngerti nek kowe wes bahagia.

Masalah jodoh. Opo yuw tak pikir. Mikir tapi yuwes iso slow. Meh lapo dipikir abot. Durung nemu yuw gak pa-pa. bakal e nemu yuw mugo-mugo luwih apik sekabihe. Nyatane wong nikah kuwi ora gampang. Sing wes nikah yuw iseh iso overthinking mbi bojone. Bojone setia po ora. Opo duwe selingkuhan. Opo pernah ngapusi. Yuw ancen iku mau butuh komunikasi. Tapi yuw piye, aku durung ngrasake yuw durung ngerti problem rumah tangga sesungguhnya.

Indahnya pernikahan, katane mas sabrang iki mung rung sasi. Selebihnya adalah masalah. Walau aku rung nglakoni tapi aku akeh sitik melu terlibat. Lha kok ora. Ora usah adoh-adoh ning tonggo. Nyawang rumah tangga ne mbak ku mbi adik ku ae. Masalah internal keluarga ono wae bahasan e.

Luwih-luwih nek iku masalah ekonomi. Sing lanang kerja ne ora tetap. Penghasilan e nek ono borongan tok. Durung moro tuwane melu ngributi ngenteni jatah bulanan teko anak e. Pinter-pinter e dalam keluarga piye ngelola pendapatan. Opo meneh nek wes duwe anak. Ibu e melu kerja nambah penghasilan. Anak bingung dititip-titipke. Nek nitipke ning penitipan yuw larang. Nyewa baby sister yuw ntek nggo bayari baby sister. Sing ngalahi yuw nek gak mbahe teko sing lanang nek gak teko sing wedok.

Omah-omah yuw gak mung masalah tog. Yuw ono seneng e. nyatane yuw akeh sing iseh pengen nikah meneh. Padahal wes pernah gagal. Sing ditinggal mati bedo meneh. Nek pisah urip mesti ono ae alasan e. yuw gara-gara ekonomi iso, orang ketiga utowo wes ora ono kecocokan. Bar pisah suwi yuw tetep duwe rasa pengen omah-omah. Walau memang indahnya hanya diawal. Tapi emang koyo e seni hidup penuh warna itu ada di pernikahan.

Aku bayangke pernikahan mbi nontoni bakul-bakul sing nggolek rejeki bengi iki. Udan kawet awan awet sampe bengi. Malam minggu paling syahdu. Pengen ngajak ngobrol mbi bakul-bakul iki. Pengen ngerti sedino iki mau wes ntuk penghasilan piro. Anak e piro, kebutuhan sehari-hari opo cukup. opo bojone seneng ngresulo saumpama gak dapat penghasilan hari itu. Tapi aku isin nko nek dikiro kepo.

Konsep rejeki sing pernah tak gugat dalam hati. Piye yuw gusti rejeki iku. Piye carane duwe duit akeh barokah halal. Pernah takon mbi bapakku, rejeki iku piye. Jawab e aku kon nikah ndisik. Owalah. Takon masalah ngunu ae kok leren ndadak kon nikah sek. Lha sing diajak nikah ae durung ono.

Bakul-bakul iku lirik-lirikan mbi ngawasi aku. karepe ngunu kok mbak kae ora ndang nukoni kok malah lungguh ndemimik mbi cekelan hape ae. Menowo nek aku konten kreator beda meneh. Nyedaki bapak-bapak iku mbi video. Lha aku iki ora bakat koyo ngunu kae. Marani bakul-bakul sing ora payu terus ditukoni pirang-pirang, digawe video upload. Ono meneh sing bantu renovasi gerobak e karo divideo. Ngunu yuw ntuk duit.

Aku bayangke nek aku iso ngunu opo aku iso ntuk duit. Tapi dasar e aku wong mageran, yuwes ora nutuk leh ku mikir. Konten kreator iku kudu kreatif. Jenenge kreator yuw mesti pikiran e piye ben kreatif. Ora niru podo gawean e liyane. Walaupun kadang mirip. Munine leh e ngomong iku ATM. Amati tiru modifikasi.

Aku yuw bingung. Wong kok yuw gampang gawe video upload terus fyp. Mbuh ora mudeng opo iku fyp. Ngertiku viral akeh sing nonton. Aku posting foto kok yuw ora ono sing nglike. Gawe kata-kata yuw podo wae ora ono sing komen. Halah mbuh.

Wong angger seminggu kon setor tulisan cerpen nggo diterbitke ning web e koncoku ae bingung e puol. Iki piye leh ku ntuk ide. Aku nulis opo. Keresahan-keresahan marai bungkel ati koyo kebubet ning pikiran. Meh ditulis ora iso metu.

Nek kowe takon aku iki mau ngiyup ngarep alun-alun lapo. Sore mau aku janjian mbi koncoku tilik guruku. Tengah dalan malah udan. Untung e gowo ambulance. Koncoku iki mau ancen supir ambulance. Anane mobil ambulance yuwes digowo mangkat. Asline rodo merinding. Munine pernah dinggo gowo jenazah. Tapi koncoku iki cerewet. Aku dijak ngomong ngalur ngidul dadi lali.

Wonge cerito ambulance e iki bed e ora ono pengait e. nek pas tekan dalan sukolilo purwodadi kadang mlorot. Untung e lawang e bakoh. Ora ngerti piye nek iku mau kebuka. Tapi mugo-mugo ae sing duwe ambulance ndang ndandani. Soale iku yuw menyangkut nyawa pasien. Ben luwih akeh pasien sing iso ditangani cepat dan membaik.

Tekan rumah sakit islam aku moro ning resepsionis. Takon ruangan guruku ono nendi. Dikandani ning ruang vip. Konco ku angger mlaku melu dalan. Tak kiro yuw ngerti panggon e. lewat kamar nomer 6 mbalek ning resepsionis meneh. “Vip nomer enam sebelah mana.” Munine mbak e iseh kon mlaku lurus. Tekan angka 20 lagi menggok. Jebule uwes ono tulisan e VIP.

Bareng tekan vip jebule guruku iseh ono ning icu. Aku krungu wingi ancen ning icu. Tapi karo resepsionis e muni ning kamar. Yuw dipikir uwes ning kamar. Balik kanan keluar ruangan vip. Lurus belok kanan lurus nemu tanda tulisan ICU. Tekan ngarep ICU, koncoku tak takoni. Opo ntuk niliki ning icu. Ono petugas metu, takon dan karo petugas e dibolehi. Diarahke masuk ning lawang samping terus masuk.

Alhamdulillah e masih bisa dijenguk. Guruku nganggo selang sing koyo ning tv-tv. Mesin deteksi jantung, alat infus, alat oksigen. Ah macem-macem. Iseh iso cerito kenapa kok iso masuk icu. Gara-gara nangka. Tapi memang kondisi uwes kurang fit.

Sedurung e masuk icu, detak jantung hampir 70. Kata dokter e iku iso resiko. Garwane cerito, nek ora segera ditangani taruhan e nyawa. Aku mung iso ndongakno kanggo kesembuhan e.

Muleh e iseh udan. Koncoku tak ajak golek mangan. Tapi ora gelem. Kene muleh karo mampir pom bensin. Dekne cerito nek ngisi bensin diluwehi ben nek bar ngeterke adoh iseh ono sisa. Umpama ono emergency ora ngenteni suwi.

Aku salut mbi dedikasi para supir ambulance. Kerja 24 jam tanpa mengeluh hanya untuk bisa melayani pasien. Preine nek pas ora ono sing minta layanan. Cerito meneh nek Pati iseh kekurangan ambulance. Uwes mugo-mugo ae ndang keturutan angger desa duwe ambulance minimal telu tah loro.

Aku mudun ngarep alun-alun. Ngenteni jemputan. Karo bayangke menowo kowe sing jemput. Kowe meneh…. Kowe meneh…. Opo yuw ora bosen nulis kok bahas e awakmu. Leh e muni yuw kamu adalah inspirasiku. Nyatane aku uwes ora sopo-sopomu.

Tapi ancen dirimu sing paling ngangeni. Iyuw gak po-po nek kowe wes bahagia. Nko aku yuw bakal luwih bahagia. Ben kowe yuw melu mikir, kok aku iso bahagia. Hahaaha jahat banget ya balas dendamku.

Aku dijemput mbakku. Diajak golek mangan. Malah udan e soyo bante. Mager ning ngarep emperan ruko. Ono bakul zuppa soup. Tapi mbakku ora doyan. Akhir e nukoni bakul-bakul sing melu ngemper ngenteni udan.

“kadang kene kie kurang bersyukur ya.”

“kenapa?”

“kita gak perlu susah payah jualan ning pinggir dalan.”

Rasane kudu tak tangisi bakul-bakul sing ora payu.

“Aku lagi nerapke nukoni bakul-bakul sing ora payu. Jebule ora gampang.” Mbakku mbahas yen bojone ngajaki nukoni bakul sing iseh sepi.

Aku kelingan kandane gus baha. Wong sing utang nggo kebutuhan rumah tangga iku luwih hebat karena utang untuk membiayai urip e sak keluarga. Lha sing utang nggo tuku pajero iku ora keren. Ngrungokno mbi tak cerna. Bener omongan e gus baha. Ono meneh ngendikane, nek pengen sedekah iku tukoni dagangan e wong sing sepi. Iku luwih apik tinimbang wong e njaluk-njaluk.

Aku kadang merasa tertampar. Orang-orang pada bekerja keras menyambung hidup. Sedang aku sing tak galauni mung piye perasaanmu ke aku. Padahal nyata-nyata kowe wes nikah duwe anak. Kok iseh tak permasalahke. Padahal uripku dewe kie masalah.

Kudune aku luwih iso sregep makaryo. Golek duit ben iso mbantu wong tuwo. Opo ora melu ngrasakno, wong tuwo wes tambah sepuh tapi iseh semangat kerja. Kene sing iseh enom kok penak-penakan glimbang glimbung duwur kasur ora lapo-lapo.

Aku lagi mikir piye carane golek duit halal, gampang ora kesel. Nek budhe ku ngomong dadi wong pinter. Kerja itu tidak harus keras. Tapi juga cerdas. Nek pak prie gs gawe judul buku, hidup ini keras maka gebuklah. Karakter ipung sing ning ceritone sebagai anak desa sing sekolah ning ibukota. Piye carane ipung ora iso disepelekno mbi cah-cah kota. Intisari sing bisa aku ambil yuw gak boleh terlalu leha-leha selagi bisa berkarya. Nek kandane bang A. Fuadi pas diamuk bang togar, kalau dia bisa membantu orang-orang yang miskin. Jadi jangan malas untuk berkarya.

Baca ceritane ipung iki yuw apik. Ora sengaja tuku buku ning bazar buku. Kok yuw ketagihan. Ndilalah pak prie gs waktu itu durung kapundut. Gawe sekuel ipung selanjutnya. Terinspirasi dari perang panas antar capres, ipung selanjutnya judul e hidup ini lunak, maka bentuklah. Aku ora iso mbayangke pak prie gs kok iso duwe kata-kata iku. Ternyata kadang yen wes duwe pendapat moh dikalahi pendapat orang lain itu gak baik. Kudune ancen iso saling menghargai.

Buku kedua iku aku pesen langsung lewat koncoku. Koncoku iki kebetulan dosen duwe mahasiswa sing keponakan e pak prie gs. Asline yuw ada wa pak prie gs bisa langsung pesan. Tapi aku sungkan meh wa. Syukur e aku iseh kumanan buku sing ono tanda-tangan e pak prie.

Eh, Kok jebule aku wes nglantur tekan ndi-ndi. Ora kerasa nek iki iseh malam minggu. Sing lekat nek wayah e nggo kencan. Ahhh, aku kadang sebel. Sopo sing gawe aturan koyo ngunu. Ngene kie sing jomblo dak ora iso melu aturan iku.

Udan e makin deres. Alun-alun sing biasane do dienggo santai-santai teles keno banyu udan. Teko duwur lampu ketog udan e tipis-tipis mudun. Ning ngarep q ngemper ono mobil mandek. Mudun seorang mama muda gendong bayi. Anak wedok e nututi ning mburi. Mlayu nghindari udan. Nglewati aku mbi bakul-bakul. Gang sediluk mbalek meneh gowo balon. Berkah barokah kanggo bakul balon kae.

Uwes rodo terang, mbak Fera ngajak golek soto. Aku ngajak ning soto pak kribo. Tapi mamang uwes meh jam songo. Wedi nek wes tutup. Mbak Fera ngajak ning sego solo. Menowo iseh ono soto. Bar jupuk motor, bayar parkir, kene numpak motor ngubengi alun-alun. Angin pating sembribit. Hawane atis. Aku ora jaketan, rasane koyo nembus gamis biru kembang-kembang sing taknggo.

Tekan gon e wes sepi pelanggan. Mlebu warung e wes resik tinggal sitik. Soto yuw ntek. Aku tertarik karo opor iwak suwiwi. Tambah oseng godong kates, teh panas. Bakul e emak-emak. Nek mau ning alun-alun ketemu ne bapak-bapak. Iki ketemune emak-emak.

Ono dua keluarga masuk pesen makanan. Kene wes lungguh menikmati makanan. Mlebu meneh sepasang pemuda pemudi pesen podo wae. Sepasang liyane pamit ning kasir karo ngelungke duit. Malam minggu iki begitu syahdu. Mengamati sendi-sendi kehidupan diluar diri sendiri. Sinau urip, urip nggo sinau. Luwih syahdu meneh nek belajar hidup e bareng awakmu. Ahh yuweslah. Sekian gerimis malam minggu hari ini.

 

 

  • Penulis: admin

Komentar (0)

Saat ini belum ada komentar

Silahkan tulis komentar Anda

Email Anda tidak akan dipublikasikan. Kolom yang bertanda bintang (*) wajib diisi

Rekomendasi Untuk Anda

  • PCNU Dampingi Takmir Masjid dan Pemdes yang Berpolemik

    PCNU Dampingi Takmir Masjid dan Pemdes yang Berpolemik

    • calendar_month Rab, 4 Agu 2021
    • account_circle admin
    • visibility 504
    • 0Komentar

      PATI-Polemik terjadi anatar Pemerintah Desa (Pemdes) dengan takmir Masjid Al-Muhlisin Desa Kedungwinong, kecamatan Sukolilo. Konflik ini dipicu akibat tidak adanya izin dari  Pemerintah Desa (Pemdes) setempat kepada takmir masjid terkait rencana renovasi salah satu makam di sana yang juga melibatkan CSR PLN. Berdasarkan keterangan, Takmir Masjid Al-Muhlisin, Kiai Maswan, renovasi yang dimaksud yakni berupa […]

  • Naharul Ijtima” PCNU dan LTMNU Kab. Pati

    Naharul Ijtima” PCNU dan LTMNU Kab. Pati

    • calendar_month Sab, 17 Mei 2014
    • account_circle admin
    • visibility 705
    • 0Komentar

    Naharul Ijtima’ merupakan forum silaturahmi, koordinasi dan konsolidasi antara pengurus dan jama’ah Nahdlatul ‘Ulama yang dilaksanakan setiapsebulan sekali. Nahar artinya siang, sedangkan Ijtima’ artinya pertemuan. Pertemuan ini dilaksanakan pada waktu siang hari, biasanya waktunya ba’dal jum’at.  Kegiatan Naharul Ijtima’ ini sebagai pengganti tradisi Lailatul Ijtima’ yang dilaksanakan pada malam hari. Awalnya ini adalah kebiasaan para kiai […]

  • PCNU-PATI

    7 Siswa Pati Borong Medali di Thailand

    • calendar_month Sen, 29 Apr 2024
    • account_circle admin
    • visibility 545
    • 0Komentar

    Pcnupati.or.id – kabar membanggakan datang dari Bangkok, Thailand. Pasalnya, sebanyak tujuh bocah asal Pati, Jawa Tengah sukses berkompetisi dalam olimpiade matematika tingkat Internasional, TIMO (Thailand International Mathematical Olympaid), Sabtu (27/4). “Alhamdulillah, kompetisinya sudah berlangsung Sabtu (27/4) dan pengumumannya Ahad (28/4) siang,” ungkap Ali Syarifuddin, Direktur Lembaga Pendidikan Senyum Cerdas Nusantara (SCN) yang menjadi promotor ke […]

  • Harlah Fatayat NU Diwarnai Agenda Serba 70

    Harlah Fatayat NU Diwarnai Agenda Serba 70

    • calendar_month Sab, 25 Apr 2020
    • account_circle admin
    • visibility 439
    • 0Komentar

    Logo resmi HUT Fatayat NU ke-70 PATI-Perayaan Hari Lahir (Harlah) Fatayat NU ke 70 dirayakan dengam berbagai agenda. Masing-masing daerah memeiliki legiatan sendiri-sendiri untuk menyambutnya. Salah satunya adalah Pengurus Cabang Fatayat NU Pati. Dengan tajuk ‘Bhakti untuk Negeri Merawat Bumi, PC Fatayat NU Pati menggelar beberapa kegiatan. Agenda 70 Khataman, 70 selawat thibbul qulub, 70 […]

  • Aklamasi, Hj. Arina Hidayah Jadi Ketua Muslimat NU Winong

    Aklamasi, Hj. Arina Hidayah Jadi Ketua Muslimat NU Winong

    • calendar_month Sen, 9 Sep 2019
    • account_circle admin
    • visibility 582
    • 0Komentar

    WINONG – Hj. Arina Hidayah, S.Ag., M.S.I, secara aklamasi terpilih menjadi Ketua PAC Muslimat NU Kecamatan Winong masa khidmat 2019-2024. Pemilihan ketua baru ini sendiri diselenggarakan melalui Konferensi Anak Cabang (Konferancab) yang digelar di Gedung NU Winong, pada Ahad (8/9/2019). Hj. Arina Hidayah, S.Ag,. M.S.I, (berdiri) dalam pemilihan Ketua PAC Muslimat Winong masa khidmat 2019-2024. Foto: […]

  • Masjid Jami' Kajen Pati: Saksi Bisu Perjuangan Mbah Mutamakkin Membangun Desa Santri

    Masjid Jami’ Kajen Pati: Saksi Bisu Perjuangan Mbah Mutamakkin Membangun Desa Santri

    • calendar_month Sen, 2 Mar 2026
    • account_circle admin
    • visibility 9.868
    • 0Komentar

      Pcnupati.or.id – Desa Kajen, Kecamatan Margoyoso, Kabupaten Pati, dikenal sebagai salah satu poros pesantren di Bumi Mina Tani. Puluhan pondok pesantren berdiri kokoh di “Desa Santri” ini, menjadi magnet bagi ribuan santri dari berbagai penjuru daerah untuk menimba ilmu agama. ​Tradisi religius yang kuat ini tidak lepas dari sejarah panjang Masjid Jami’ Kajen. Didirikan […]

expand_less